Senin, 26 Desember 2011

WANGSALAN


Wangsalan iku unen-unen cangkriman nanging dibatang (dibedhèk) dhéwé. Ukarané ora persis nanging mèmper waé. Wangsalan ana kang awujud ukara selarik, bisa uga awujud tembang.
Jenisé Wangsalan :
  • Wangsalan lamba yaiku wangsalan kang mung isi batangan (tebusan) siji. Unen-unen wangsalan lamba mung saukara kang kadadean saka rong gatra.Gatra kang ngarep isi wangsalan, gtra sing isi batangané.
Tuladha: Pindang lulang, kacek apa aku karo kuwe (Pindhang lulang = Krecek)
  • Wangsalan rangkep (camboran) yaiku wangsalan sing isi batangane luwih saka siji. Unen-unene wangsalan rangkep kadadeané saka rong ukara, siji-sijine ukara kadadean saka rong gatra.Ukara kapisan isi wangsalan ukara kapindho isi batangane.
Tuladha: Jenang sela, wader kalen sasonderan. (Apu, sepat) Apurata, yen wonten lepat kawula
  • Wangsalan memet yaiku wangsalan sing carane nggoleki batangane sarana ngoceki maksuding tetembungane ambal ping pindho.
Tuladha: Uler kambang, yen trima alon-alonan Oncek-oncekan kapisan: Uler kembang maksude lintah Oncek-oncek kapindho: Wanda tali ing tembung lintah, dianggap wancahane tembung kang surasane alon-alonan, yaiku tembung satitahe. Tembung satitahe ateges ora ngaya, mung tumindk sakepenake bae, kanthi alon-alonan.
  • Wangsalan padinan yaiku ana sing nganggo nyebutake batangane, la nana sing tanpa nyebutake batangane, marga wong-wong sing pandha krungu (maca) dianggep wis ngerti maksude (batangane).
Tuladha: Wong kae sajatine wis krungu kandhaku, nanging njangan gori. Gori iku mathuke digudhèg. Njangan gori = nggudhèg. Maksude wangsalan njagan gori yaiku mbudheg, api-api ora krungu.
  • Wangsalan mawa paungeran tartamtu
Wangsalan mawa paungeran tartamtu kena kaperang dadi loro, yaiku:
Mawa paungeran 4 wanda + 8 wanda Kang mawa paungeran 4 wanda + 8 wanda iku wangsalan lamba (mung isi batangan siji).Unen-unen mung saukara kang kadadean saka rong gatra.Gatra ngarep 4 wanda, isi wangsalan : gatra buri 8, isi batangane. Tuladha: Reca kayu, golek kawruh rahayu.(reca kayu = golek)
Mawa paungeran (4 wanda + 8 wanda ) X 2 = 24 wanda Kang mawa paungeran (4 wanda + 8 wanda) x 2 = 24 wanda yaiku wangsalan rangkep (isi batangan luwih saka siji). Unen-unen rong ukara, saben saukara kadadean saka rong gatra. Ukara kapisan (rong gatra) isi wangsalan, ukara kapindho (rong gatra) isi batangane. Tuladha:
Sayuk rukun, wulang wido mangsa rowang = 4 wanda + 8 wanda
Sayektine, wit saking bondho kawula = 4 wanda + 8 wanda
Sayuk rukun = saiyeg, saeka praya
Wulang wido mangsa rowang = bido
  • Wangsalan edi-peni yaiku wangsalan sing mawa paungeran .
  1. Unen-unene kadadean saka 2 ukara (wangsalan rangkep)
  2. Saben saukara kadadean saka 2 gatra (4 wanda + 8 wanda )
  3. Ukara kang kapisan (yaiku kang isi wangsalan) mawa purwakanthi guru swara lan purwakanthi basa utawa purwakanthi lumaksita.
Tuladha: Tepi wastra, wastra kang tumprap mustaka. (Kemada,iket) Mumpung mudha, nggegulanga ngiket basa.
  • Wangsalan kang sinawung ing tembang yaiku cacahé wandane lan tibaning swarane ing wekasaning gatrane ora tartemu, sebab kawengku ing guru wilangan lan guru laguning tembang. Guru wilangan lan guru laguning tembang kudu tansah menang, lire: ora kena owah, kudu tansah manut paungeraning tembang.
Tuladha: Sinom
Edane wong keneng guna, ambatik sinambi nangis, malam wuntah balabaran, geni mati muring-muring, prembenahan mbrebes mili, gawangan sinendhal putung, ya talah ta si kakang, puluh-puluh awak mami, petis manis wis kudu dadi pocapan.
Petis manis = kecap
  • Wangsalan kang sinawung ing tembang yaiku cakepan ing umpak-umpaking gendhing, gerong lan senggakan, kerep kanggo wangsalan (dilagokake dening pesindhen, niyaga utawa bocah-bocah sing padha manembrama).
Wangsalan ingkang pados :
Tuladha sing wujud ukara:
  • Nyaron bumbung, nganti cengklungen nggonku ngenteni. (saron bumbung=angklung)
  • Njanur gunung, kadingaren sliramu teka. (janur gunung=aren).
Tuladha sing wujud tembang:
  1. Jirak pindha munggwing wana
  2. Sayeng kaga we rekta
  3. Sinambi kalaning nganggur
  4. Wastra tumrap mustaka
  5. Pangikete wangsalan kang sekar pangkur
  6. Kinarya langen pribadi
Batangane:
  • Jirak pindha munggwing wana = wit kesambi.
  • Sayeng kaga = piranti kanggo nyekel manuk (kala).
  • We rekta kang muroni = iket.
  • Baon sabin = karya.
Wangsalan ingkang damel piyambak :
1.       Kembang duren (Dlongop)     =>         Clongap clongop kaya iwak langen ing kali.
2.       Godhong garing (Kliang) => Kok sampun siang nanging suryanipun teksih surup?
3.       Wit klapa (Glugu)    =>         Nek ana wong ngomong kudu di gugu.
4.       Anak kebo (Gudél)     =>        Klambi rusak merga di dhédhél.
5.       Wadhah banyu (Paso)    =>        Ngaso kuwi ditindakake yen wis kerja.

        

Sabtu, 17 Desember 2011

GEGURITAN


GEGURITAN
Yen Rembulane Moblong, Paman
Dening I. Kunpriyatno
yen rembulane moblong, paman
aku kangen sanja menyang plataranmu
nggelar klasa sangisore wit gayam
jejadhuman karo ngematke swarane
bocah – bocah sing padha dolanan
yen rembulane moblong, paman
aku kangen ngrungokake gumelegere guyumu
sanadyan sawah lan tegal siji mbaka
siji ilang. Sanadyan anak lanang
milih ngumbara ing paran
suthik ngopeni lemah warisan
yen rembulane moblong, paman
aku kangen nyekseni marang keteguhanmu
nggegem sawijining kapitayan. Ngadhepi
owah – owahane jaman. Kaya watu karang
sing ora nate gigrig nantang jumlegure
alun ing satengahe wahudayan
Penjebar Semangat;Nomor 50. 12 Desember 2009


NILAI ESTETIKA GEGURITAN
Nilai estetika dalam suatu geguritan dapat dilihat dari berbagai sisi. Dari aspek maknanya sendiri, geguritan berjudul “Yen rembulane mbolong, paman” memiliki nilai estetika dalam makna tersurat yang menggambarkan mengenai kerinduan “aku liris” kepada sosok “paman”. Kerinduan yang memunculkan paradigma bahwa sosok “paman” dalam geguritan adalah sosok yang mengagumkan sehingga membuat “aku liris” begitu menyukainya karena sifatnya yang luhur, humoris, penyayang, teguh pendirian, kuat, dan sabar.
Sedangkan dalam makna tersiratnya, geguritan ini menggambarkan bahwa orang yang baik akan selalu indah dalam kenangan seseorang, begitu juga bahwa dalam menjalani hidup, setiap orang hendaknya selalu sabar dalam menghadapi segala cobaan dan teguh pendirian. Nilai estetika yang lain yaitu dari aspek bunyi dalam geguritan. Dari aspek bunyi, dapat kita temukan rima akhir baris yaitu:
·         milih ngumbara ing paran
·         suthik ngopeni lemah warisan
Selain itu, dalam aspek bentuk ditemukan majas hiperbola dalam geguritan diatas seperti dalam baris yang berbunyi :
·         aku kangen ngrungokake gumelegere guyumu
Kemudian terdapat pula majas simile yang membandingkan keadaan penyifatan paman yang kuat dan teguh pendirian dengan gambaran batu karang, yaitu :
·         aku kangen nyekseni marang keteguhanmu
nggegem sawijining kapitayan. Ngadhepi
owah – owahane jaman. Kaya watu karang
sing ora nate gigrig nantang jumlegure
alun ing satengahe wahudayan
Setelah kita melihat beberapa aspek diatas, dapat pula kita melihat nilai estetika dari geguritan diatas yang berupa diksi/pilihan kata. Dalam hal ini, geguritan menggunakan diksi berupa bahasa jawa ngoko disertai dengan bahasa-bahasa kias lain yang menimbulkan keapikan dari segi irama dalam membaca geguritan tersebut. Disamping itu jika kita lihat dari pengulangan kata “aku kangen” disetiap baitnya, penulis sepertinya ingin menunjukkan sesuatu kepada pembaca. Penonjolan kata tersebut dapat kita maknai bahwa sosok “paman” yang dirindukan “aku liris” sudah tidak ada lagi raganya/meninggal, sehingga penulis akhirnya menonjolkan kata “aku kangen” dengan menulisnya secara berulang karena sudah tidak mungkin untuk menemuinya lagi. Dari segala nilai estetis yang ada inilah, dapat kita ambil kesimpulan bahwa geguritan karya I. Kunpriyatno ini bersifat penggambaran mengenai kekaguman dan kerinduan pada sosok orang pada masa lalu yang telah mengisi memori “aku liris” dan memang pantas untuk di kagumi olehnya, yaitu sang paman.

Jumat, 25 November 2011

SEJARAH PERKEMBANGAN ESTETIKA

Estetika sebagai usaha untuk memahami keindahan mengalami tahap-tahap
perkembangan pemikiran. Perkembangan pemikiran estetika dapat ditinjau
dari sisi sejarah dan mengemukakannya sesuai dengan pembagian logika. Salah satu periode dalam sejarah estetika yaitu :
Ø  Periode Post Modernisme
Postmodernisme bila diartikan secara harafiah kata-katanya terdiri atas ‘Post’ yang artinya masa sesudah dan ‘Modern’ yang artinya Era Modern maka dapat disimpulkan bahwa Post Modern adalah masa sesudah era Modern ( era diatas tahun 1960 an ) . Postmodernisme sendiri merupakan suatu aliran baru yang menentang segala sesuatu kesempurnaan dari Modernisme, bahkan tak jarang menentang aturan yang ada dan mencampurkan berbagai macam gaya . Postmodernisme tidak hanya berada di bidang arsitektur tetapi meliputi segala bidang kehidupan seperti sosial, politik, dan budaya. Postmodernisme muncul karena budaya modern menghadapi suatu kegagalan dalam strategi visualisasinya. Kegagalan modernisasi bukan terletak pada tekstualitasnya tetapi pada strategi visualisasinya yang seragam dan membosankan. Jika sebelumnya budaya ‘barat’ didominasi oleh budaya verbal maka kini budaya visual menggantikannya. Program aplikasi komputer yang sebelumnya banyak menggunakan bahasa verbal dan sulit dihafal, kini bahasa gambar atau ikon banyak digunakan sebagai pengganti bahasa tersebut dan ternyata mudah dipahami. Kelemahan dalam postmodernisme ialah mencampurkan gramatika dan tata bahasa visual yang tidak proporsional, contoh yang paling kentara adalah suguhan acara media tayang televisi yang menawarkan berbagai hal tanpa mencermati subjek, hierarki sosial ataupun budaya masyarakat, terlihat pada tayangan iklan rokok dilihat oleh anak-anak ataupun peristiwa serius dapat menjadi dagelan konyol ketoprak humor.
Charles Sanders Peirce (ejaan Inggris: [ˈpɜrs] purse[1]) (September 10, 1839 – April 19, 1914) adalah seorang filsuf, ahli logika, semiotika, matematika, dan ilmuwan Amerika Serikat, yang lahir di Cambridge, Massachusetts. Ia dikenal sebagai perintis ilmu semiotika (tanda) yang dalam bahasa Yunani disebut “semeion”.
Peirce dididik sebagai seorang kimiawan dan bekerja sebagai ilmuwan selama 30 tahun. Tapi, sebagian besar sumbangan pemikirannya berada di ranah logika, matematika, filsafat, dan semiotika (atau semiologi) dan penemuannya soal pragmatisme yang dihormati hingga kini.
Peirce melangkah lebih jauh daripada Saussure dengan latar belakang sebagai ahli filsafat, ia dapat melihat dunia di luar struktur sebagai struktur bermakna. Berbeda dengan Saussure dengan konsep diadik, Peirce menawarkan konsep triadik sehingga terjadi jeda antara oposisi biner. Pierce jugalah yang mengembangkan teori umum tanda-tanda, sebaliknya Saussure lebih banyak terlibat dalam teori linguistik umum.
Pada dasarnya Peirce tidak banyak mempermasalahkan estetika dalam tulisan-tulisannya. Akan tetapi teori-teorinya mengenai semiotika/tanda menjadi dasar pembicaran estetika generasi berikutnya. Menurutnya makna semiotika/tanda yang sesungguhnya adalah mengemukakan sesuatu. Tanda harus diinterpretasikan agar dari tanda yang orisinil berkembang tanda-tanda yang baru. Tanda selalu terikat dengan sistem budaya, tanda-tanda tidak bersifat konvensional, dipahami menurut perjanjian, tidak ada tanda yang bebas konteks. Tanda/semiotika selalu bersifat plural, tanda-tanda hanya berfungsi kaitannya denga tanda lain. Tanda merah dalam lampu lalu lintas, selain dinyatakan melalui warna merah, juga ditempatkan pada posisi yang paling tinggi, dua tampil secara bersamaan sebagai denotatum dan interpretant.  Dalam pengertian Peirce, fungsi referensial didefinisikan melalui triadik ikon, indeks, dan simbol. Tetapi interpretasi holistik juga harus mempertimbangkan tanda sebagai perwujudan gejala umum, sebagai representamen (qualisign, sinsign, dan legisign) dan tanda-tanda baru yang terbentuk dalam batin penerima, sebagai interpretant (rheme, dicent, dan argument). Tetapi Peirce membedakan ada tiga jenis tanda, diantaranya :
1.      Ikon
Ikon merupakan tanda yang menyerupai obyek/benda yang diwakilinya atau tanda yang menggunakan kesamaan ciri-ciri dengan yang dimaksudkan.
2.      Indeks
Adalah tanda yang sifatnya tergantung pada keberadaan suatu denotatum atau penanda.
3.      Simbol/Lambang
Adalah tanda dimana hubungan antara tandadengan denotatum atau penanda ditentukan oleh suatu peraturan yang berlaku umum atau kesepakatan bersama (konvensi).

           

PARIBASAN

Paribasan yaiku unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges tartemtu. Dhapukaning paribasan awujud ukara utawa kumpulaning tembung (frase), lan kalebu basa pinathok. Racikaning tembung ora owah, surasa utawa tegese uga gumathok, lumrahe ateges entar. Tegese tembung lumereg, gumantung surasa lan karep kang kinandhut ing unen-unen. Paribasan ngemu teges: tetandhingan, pepindhan, utawa pepiridan (saemper pasemon). Kang disemoni manungsa, ulah kridhaning manungsa, utawa sesambunganing manungsa lan alam uripe. a. Contoh paribasan hasil pencarian : - Ngalasake negårå. Wóng síng ora manut pranatan negårå. - Ngalem lêgining gulå. Ngalembånå kapintêran wóng kang pancèn pintêr/sugíh. - Ngaturake kidang lumayu. Ngaturaké barang kang wis ora ånå. - Nglungguhi klåså gumelar. Nindakaké panggawéyan kang wis tumåtå. - Ngóntragaké gunúng. Wóng cilík asór biså ngalahaké wóng luhúr/gêdhé, nganti gawé kagèt wóng akèh. b. Contoh paribasan buatan sendiri : - Njait klambi rombéng. Wong kang usada mbeneri kalepatan sing wis dilakoni. - Kaya iwak langén ing pasir. Gegayuhan kang ora bakal bisa kawujud. - Nggodhog banyu nganggo dandang bocor. Wong nindakake pegawean kang percuma. - Kebo mati neng tengah kebonan suket. Wong kang bodho, ora bisa migunakake kasempetan sing wis ana ing ngarepé. - Kaya barleyan katumpuk pasir. Wong kang kabagusané katutup dening tumindak kang ala. LIRIK TEMBANG MACAPAT Sekar Asmarandana, Laras Slendro Pathet Sanga Miring Godhong tela padha mati Matine kerana lara wong wis tuwa aja srei Yen srei ya akeh dosa Mangka mlebu neraka Wong urip isine diyu Nek mati ra ana sangu

PARIKAN

Definisi parikan ialah tradisi lisan, budaya lisan dan adat lisan adalah pesan atau kesaksian yang disampaikan secara turun-temurun dari satu generasi ke generasi berikutnya. Pesan atau kesaksian itu disampaikan melalui ucapan, pidato, nyanyian, dan dapat berbentuk pantun, cerita rakyat, nasehat, balada, atau lagu. Pada cara ini, maka mungkinlah suatu masyarakat dapat menyampaikan sejarah lisan, sastra lisan, hukum lisan dan pengetahuan lainnya ke generasi penerusnya tanpa melibatkan bahasa tulisan.                                               a. Contoh parikan hasil pencarian :
- Wédang bubuk, gulå jåwå.
Yèn kêpêthúk ati legå.
- Sêpêt sêpêt, sawone mêntah.
Diêmpêt êmpêt sêlak ora bêtah.
- Wajik klêthik gulå abang.
Aja suthík, yèn tumandang
- Gódhóng kêcipír, mrambat kawat.
Najan ora mampír, nangíng liwat.
- Kêmbang jagung, dipêthik Cina.
Barang wis kadhúng dikapaknå.
b. Contoh parikan buatan sendiri :
- Perkutut, ana ing kali
Yen ora patut, aja diambali.
- Awan-awan, lunga menyang pasar
Yen arep nglawan, aja nganggo tumindak kasar.
- Ana kupu, neng pinggir kali
Nadyan ora ketemu, ya aja lali.
- Muter-muter, neng Gunungpati
Nek pengin pinter, ya kudu sregep nggeti.
- Ana gorengan, neng ndhuwur meja
Yen pengin mangan, kudu gelem usada.
- Ana Landa, mangan tales
Aja kandha, yen padha males.
- Silir-silir, disambi mangan gerèh
Yen wis nglilir, aja turu maneh.
- Pindhang teri, disunduk kayu
Kabeh ya ngerti, yen aku ayu.
- Biyen gerah, didhahari tawon
Yen lagi kuliah, ya aja guyon.
- Duduh santen, diwutah ula
Cekap semanten, saking kula.
PARIKAN EMPAT BARIS BUATAN SENDIRI
1. Ratu kuru golek kusir
Nadyan sayah tetep mlaku
Nasib kuwi ja dipikir
Yen wis wayah mesti ketemu
2. Ana timun rasa jamu
Jamu gendhong ora tuku
Aja gumun aja nesu
Aku iki ya pancen ayu
3. Golek kluban karo udud
Udud klaras dadi latu
Gegayuhan kudu kawujud
Aja males padha sinau
4. Lunga blanja klambinan abang
Ketemu Landa arane Surip
Ayo kanca padha sembayang
Emut karo sing gawe urip
5. Tela amoh kaya roti
Rotine ya roti Mari
Saka adoh kaya widadari
Eee…dicedhaki jebul Tèsi

ESTETIKA KARYA SASTRA

1.      FAKTA CERITA

Sinopsis Novel Serat Rijanta
Wonten ing salebeting novel menika, dipun ceriyosaken bilih kala rumiyin ing nagari Surakarta wonten satunggaling priyantun luhur, nama pangeran Natasewaya ingkang kagungan putra namung satunggal jaler sakalangkung mursid, nama Raden Mas Riyanta. Wonten ing lelampahan gesangipun Raden Mas Riyanta, panjenenganipun dipun tilar seda ingkang rama wiwit umur nem taun lan namung kaemong ingkang ibu wonten ing dalem Natasewayan.
Nalika umur pitung taun, Raden Mas Riyanta dipun pindhah dhateng dalemipun paman ingkang nama Raden Mas Tandhawijaya wonten ing Semarang kagem sekolah nglajengaken studi supados saged majeng pangaosanipun. Ngantos akhiripun sedaya pangangen-angen menika saged kawujud lan Raden Mas Riyanta saestu dados tiyang ingkang anggadhahi unggah-ungguh sae, lan bilih ingkang ibu sanget tresna dhateng panjenenganipun, mangka menapakemawon ingkang dipun suwun dening Raden Mas Riyanta bakal dipun turuti.
Nanging, kanthi sedaya kaluwihan ingkang panjenenganipun anggadhahi, wonten satunggal bab ingkang ndamel ibunipun prihatos, yaiku ngantos umur kalih dasa taun, Raden Mas Riyanta dereng nggarwa. Panjenenganipun teksih remen mados pasinaon kagem sangu gesang, lan dereng pepanggihan kaliyan wanita ingkang sreg ing batos ugi.
Ngantos wonten ing satunggaling dinten, Raden Mas Riyanta kaliyan kancanipun Raden Mas Duryat tindak dhateng alun- alun kagem mirsani Komidhi Hindhu. Ananging  nalika adicara sampun sawetara wekdal dipun mulai, dumadakan kedadean kebakaran gedhe ingkang akhiripun dados asbab Raden Mas Riyanta pepanggihan kaliyan satunggaling wanita ingkang kelangan ramanipun sebab kebakaran mau. Wanita menika ayu pasuryanipun lan ndamel Raden Mas Riyanta rumaos sanget welas asih dhateng panjenenganipun. Bilih kahanan ingkang rancu, Raden Mas Riyanta usada nylametaken wanita mau. Sadawane margi nalika ndherekaken wanita menika wangsul, Raden Mas Riyanta ndangu sinten asma lan alamat ingkang wanita, nanging ingkang wanita  malah terus nangis lan mboten mangsuli. Malah wonten wekdal Raden Mas Riyanta pamit sawetara ing toilet, nalika medal pranyata ingkang wanita sampun lolos. Panjenenganipun sampun manggihi tiyang sepuhipun tanpa Raden Mas Riyanta mangertos sinten asma lan alamat ingkang wanita.
Akhiripun Raden Mas Riyanta wangsul. Nanging nalika dugi wonten dalem, panjenenganipun pirsa ingkang rayi Raden Ajeng Marsam saweg dipun dukani ingkang ibu bilih mboten saged anjagi Raden Mas Riyanta medal saking dalemipun. Ingkang ibu nggadhahi gegayuhan supados Raden Mas Riyanta enggal-enggal tinantun krama. Lan bilih ngraos kapeksa, akhiripun Raden Mas Riyanta lolos saking dalemipun. Ngantos wonten ing wekdal panjenenganipun lolos, nembe mawon dipun mangertosi menawa wanita ingkang nate dipun biyantu pranyata Raden Ajeng Srini putrinipun Kyai Pramayoga ingkang sadherekipun saking Raden Mas Riyanta piyambak. Sasampunipun mangertos, Raden Mas Riyanta sowan dhateng dalemipun Kyai Pramayoga ingkang pranyata ugi sampun dipun suwun ingkang ibu kagem madosi panjenengaipun wiwit dangu. Dugi  wonten ing dalemipun Kyai Pramayoga, Raden Mas Riyanta midhanget menawa ingkang ibu gerah, lan akhiripun panjenenganipun wangsul wonten ing dalem Natasewayan. Wonten ing mrika panjenenganipun pepanggihan malih kaliyan Raden Ajeng Srini ingkang akhiripun wonten ing sawetara wekdal mboten dipun nyana-nyana pranyata dipun jodhokaken kaliyan panjenenganipun Raden Mas Riyanta lan dados garwa ingkang sanget dipun tresnani amargi unggah-ungguh kang luhur sarta ayune pasuryanipun ingkang dipun gadhahi dening Raden Ajeng Srini ingkang sanget cocog kaliyan gegayuhan lan pangangen-angenipun Raden Mas Riyanta.
2.      SARANA CERITA

2.1. Tokoh
Saking salebeting novel kanthi irah-irahan Serat Rijanta, saged dipun mangertosi menawa tokoh-tokoh ingkang wonten ing ceriyos inggih menika :
·         Raden Mas Riyanta.
·         Raden Ayu Natasewaya/ ingkang ibu saking Raden Mas Riyanta.
·         Pangeran Natasewaya/ ingkang rama saking Raden Mas Riyanta.
·         Raden Mas Tandhawijaya/ ingkang paman saking Raden Mas Riyanta.
·         Raden Ajeng Marsam/ putranipun Raden Mas Tandhawijaya.
·         Raden Mas Duryat/ mitranipun Raden Mas Riyanta.
·         Raden Ajeng Srini.
·         Dipati Pramayoga/ ingkang rama saking Raden Ajeng Srini.
·         Raden Ayu Pramayoga/ ingkang ibu saking Raden Ajeng Srini.
·         Raden Ajeng Nestri/ putra angkat saking Dipati Pramayoga.
2.2. Watek
Watek menapa dene penokohan wonten ing novel menika saged dipun analisis kanthi tlesih kados ing ngandhap menika :
·         Raden Mas Riyanta
Panjenenganipun anggadhahi unggah-ungguh ingkang luhur, saestunipun inggih manut kaliyan tiyang sepuh nanging merga kahanan tartemtu,  andadosaken panjenenganipun kados radi mboten gampil dipun atur. Raden Mas Riyanta ugi nggadhahi watek kasatriya amargi purun tulung tinulung kaliyan tiyang sanes sanadyan dereng tepang, ingkang sanesipun panjenenganipun inggih nggadhahi batos ingkang welas asih, loyal anggenipun memitran, lan saged nuwuhaken karyenak tyasing sasama.
·         Raden Ayu Natasewaya
Ingkang ibu saking Raden Mas Riyanta menika sanget tresnanipun kaliyan ingkang putra, merga panjenenganipun nggadhahi gegayuhan supados ingkang putra remen, ayem, tentrem anggenipun lelampahan wonten ing gesangipun, panjenenganipun nyuwun Raden Mas Riyanta enggal karma amargi panjenenganipun mangertos bilih kathah para putri ingkang sami kasmaran dhateng ingkang putra. Panjenenganipun anggadhahi watek atos, sami kaliyan ingkang putra, ugi luhur pribadinipun, welas asih, lan alus pangraosipun.
·         Pangeran Natasewaya/ ingkang rama saking Raden Mas Riyanta
Panjenenganipun kalebu salah satunggaling priyantun luhur ingkang wonten ing nagari Surakarta.
·         Raden Mas Tandhawijaya/ ingkang paman saking Raden Mas Riyanta
Raden Mas Tandhawijaya luhur budinipun, welas asih batosipun lan teksih sadherekipun enem Raden Ayu Natasewaya.
·         Raden Ajeng Marsam/ putranipun Raden Mas Tandhawijaya
Panjenenganipun anggadhahi walek alus, luhur, pangerten, manut, loyal kaliyan tugas menapa dene prentah ingkang dipun emban, jujur, welas asih, lan tulus tanpa pamrih.
·         Raden Mas Duryat
Mitranipun Raden Mas Riyanta menika sanget njagi saseduluranipun kaliyan Raden Mas Riyanta. Panjenenganipun luhur budinipun.
·         Raden Ajeng Srini
Panjenenganipun inggih menika wanita ingkang dipun tresnani dening Raden Mas Riyanta. Panjenenganipun luhur unggah-ungguhipun, alus pangraosipun, ayu pasuryanipun, polos, welas asih, manut kaliyan tiyang sepuh, ugi sae tumindakipun.
·         Dipati Pramayoga/ ingkang rama saking Raden Ajeng Srini
Watekipun Dipati Pramayoga inggih luhur, welas asih, sabar, wicaksana, adil, lan mangertosi swasana menapa dene saged mahami pangraosipun tiyang sanes.
·         Raden Ayu Pramayoga/ ingkang ibu saking Raden Ajeng Srini
Panjenenganipun humoris, saged mbekta kahanan dados sekeca wonten ing salebeting manah, luhur tumundakipun, welas asih, lan alus pangraosipun.
·         Raden Ajeng Nestri/ putra angkat saking Dipati Pramayoga
Panjenenganipun manut, alus unggah-ungguhipun, sae tumundakipun, nanging radi isinan.

2.3. Alur
Novel ingkang kalebu salah satunggaling karya sastra menika ingkang irah-irahanipun Serat Riyanta, anggadhahi alur maju. Yaiku lampahaning ceriyos dipun wiwiti saking Raden Mas Riyanto alit ngantos ngancik dewasa lan nglampahi karma kaliyan Raden Ajeng Srini. Ceriyos wonten ing salebeting novel menika mboten nyariyosaken gesangipun panjenengane ing mangsa kepungkur, lampahing ceriyos runtut lan tlesih ngandharaken  kahananipun Raden Mas Riyanta, kaluwarga sarta mitranipun panjenengane.

2.4. Setting
Setting menapa dene latar wonten ing novel menika yaiku ing nagari Surakarta ngantos sapanjangipun wekdal nalika Raden Mas Riyanta lolos ngantos angideri kitha Bayalali, ingkang andharanipun latar tempat kados wonten ing ngandhap menika :
·         Wonten ing dalem Natasewayan.
·         Ing alun-alun nalika Raden Mas Riyanta lan Raden Mas Duryat sareng-sareng mirsani komidhi Hindhu.
·         Wonten ing dalemipun Dipati Pramayoga.
·         Ing patamanan wekdal Raden Mas Riyanta sungkawa.
·         Wonten ing margi alun-alun nalika Raden Mas Riyanta badhe ndherekaken Raden Ajeng Srini wangsul.
·         Wonten ing pasanggrahan.
·         Wonten ing warung lan salebeting kolah.
·         Wonten ing tamansari.
·         Ing guwa-guwa patilasan ing kitha Bayalali, lsp.

2.5. Sudut Pandang
Panganggit novel menika ngagem sudut pandang tiyang ingkang kaping tiga, yaiku panganggit wonten salebeting ceriyos namung dados pengamat ingkang mangertos sedaya kadadean lan kahanan kang wonten ing ceriyos. Panganggit sanget nonjolaken karakter tokoh lan alur ceriyos dumugi ing kahanan pangraos lan detail ing sedaya aspek pagesangan saking sedaya ceriyos. Salintunipun, panganggil sae sanget anggenipun andamel deskripsi babagan tokoh-tokoh ingkang wonten saengga saged nuwuhaken daya imajinatif saking para pamaos.

2.6. Diksi
Diksi menapa dene pamilihan tembung utawi gaya basa ingkang dipun ginakaken dening panganggit manika sae, amargi sanadyan migunakaken tembung jawi lan kathah ugi migunakaken paribasan jawi, nanging menika sedaya teksih saged dipun mangertosi ngagem katrangan ingkang wonten ing salebeting novel menika.





                                                                                                                        ESTETIKA