1. FAKTA CERITA
Sinopsis Novel Serat Rijanta
Wonten ing salebeting novel menika, dipun ceriyosaken bilih kala rumiyin ing nagari Surakarta wonten satunggaling priyantun luhur, nama pangeran Natasewaya ingkang kagungan putra namung satunggal jaler sakalangkung mursid, nama Raden Mas Riyanta. Wonten ing lelampahan gesangipun Raden Mas Riyanta, panjenenganipun dipun tilar seda ingkang rama wiwit umur nem taun lan namung kaemong ingkang ibu wonten ing dalem Natasewayan.
Nalika umur pitung taun, Raden Mas Riyanta dipun pindhah dhateng dalemipun paman ingkang nama Raden Mas Tandhawijaya wonten ing Semarang kagem sekolah nglajengaken studi supados saged majeng pangaosanipun. Ngantos akhiripun sedaya pangangen-angen menika saged kawujud lan Raden Mas Riyanta saestu dados tiyang ingkang anggadhahi unggah-ungguh sae, lan bilih ingkang ibu sanget tresna dhateng panjenenganipun, mangka menapakemawon ingkang dipun suwun dening Raden Mas Riyanta bakal dipun turuti.
Nanging, kanthi sedaya kaluwihan ingkang panjenenganipun anggadhahi, wonten satunggal bab ingkang ndamel ibunipun prihatos, yaiku ngantos umur kalih dasa taun, Raden Mas Riyanta dereng nggarwa. Panjenenganipun teksih remen mados pasinaon kagem sangu gesang, lan dereng pepanggihan kaliyan wanita ingkang sreg ing batos ugi.
Ngantos wonten ing satunggaling dinten, Raden Mas Riyanta kaliyan kancanipun Raden Mas Duryat tindak dhateng alun- alun kagem mirsani Komidhi Hindhu. Ananging nalika adicara sampun sawetara wekdal dipun mulai, dumadakan kedadean kebakaran gedhe ingkang akhiripun dados asbab Raden Mas Riyanta pepanggihan kaliyan satunggaling wanita ingkang kelangan ramanipun sebab kebakaran mau. Wanita menika ayu pasuryanipun lan ndamel Raden Mas Riyanta rumaos sanget welas asih dhateng panjenenganipun. Bilih kahanan ingkang rancu, Raden Mas Riyanta usada nylametaken wanita mau. Sadawane margi nalika ndherekaken wanita menika wangsul, Raden Mas Riyanta ndangu sinten asma lan alamat ingkang wanita, nanging ingkang wanita malah terus nangis lan mboten mangsuli. Malah wonten wekdal Raden Mas Riyanta pamit sawetara ing toilet, nalika medal pranyata ingkang wanita sampun lolos. Panjenenganipun sampun manggihi tiyang sepuhipun tanpa Raden Mas Riyanta mangertos sinten asma lan alamat ingkang wanita.
Akhiripun Raden Mas Riyanta wangsul. Nanging nalika dugi wonten dalem, panjenenganipun pirsa ingkang rayi Raden Ajeng Marsam saweg dipun dukani ingkang ibu bilih mboten saged anjagi Raden Mas Riyanta medal saking dalemipun. Ingkang ibu nggadhahi gegayuhan supados Raden Mas Riyanta enggal-enggal tinantun krama. Lan bilih ngraos kapeksa, akhiripun Raden Mas Riyanta lolos saking dalemipun. Ngantos wonten ing wekdal panjenenganipun lolos, nembe mawon dipun mangertosi menawa wanita ingkang nate dipun biyantu pranyata Raden Ajeng Srini putrinipun Kyai Pramayoga ingkang sadherekipun saking Raden Mas Riyanta piyambak. Sasampunipun mangertos, Raden Mas Riyanta sowan dhateng dalemipun Kyai Pramayoga ingkang pranyata ugi sampun dipun suwun ingkang ibu kagem madosi panjenengaipun wiwit dangu. Dugi wonten ing dalemipun Kyai Pramayoga, Raden Mas Riyanta midhanget menawa ingkang ibu gerah, lan akhiripun panjenenganipun wangsul wonten ing dalem Natasewayan. Wonten ing mrika panjenenganipun pepanggihan malih kaliyan Raden Ajeng Srini ingkang akhiripun wonten ing sawetara wekdal mboten dipun nyana-nyana pranyata dipun jodhokaken kaliyan panjenenganipun Raden Mas Riyanta lan dados garwa ingkang sanget dipun tresnani amargi unggah-ungguh kang luhur sarta ayune pasuryanipun ingkang dipun gadhahi dening Raden Ajeng Srini ingkang sanget cocog kaliyan gegayuhan lan pangangen-angenipun Raden Mas Riyanta.
2. SARANA CERITA
2.1. Tokoh
Saking salebeting novel kanthi irah-irahan Serat Rijanta, saged dipun mangertosi menawa tokoh-tokoh ingkang wonten ing ceriyos inggih menika :
· Raden Mas Riyanta.
· Raden Ayu Natasewaya/ ingkang ibu saking Raden Mas Riyanta.
· Pangeran Natasewaya/ ingkang rama saking Raden Mas Riyanta.
· Raden Mas Tandhawijaya/ ingkang paman saking Raden Mas Riyanta.
· Raden Ajeng Marsam/ putranipun Raden Mas Tandhawijaya.
· Raden Mas Duryat/ mitranipun Raden Mas Riyanta.
· Raden Ajeng Srini.
· Dipati Pramayoga/ ingkang rama saking Raden Ajeng Srini.
· Raden Ayu Pramayoga/ ingkang ibu saking Raden Ajeng Srini.
· Raden Ajeng Nestri/ putra angkat saking Dipati Pramayoga.
2.2. Watek
Watek menapa dene penokohan wonten ing novel menika saged dipun analisis kanthi tlesih kados ing ngandhap menika :
· Raden Mas Riyanta
Panjenenganipun anggadhahi unggah-ungguh ingkang luhur, saestunipun inggih manut kaliyan tiyang sepuh nanging merga kahanan tartemtu, andadosaken panjenenganipun kados radi mboten gampil dipun atur. Raden Mas Riyanta ugi nggadhahi watek kasatriya amargi purun tulung tinulung kaliyan tiyang sanes sanadyan dereng tepang, ingkang sanesipun panjenenganipun inggih nggadhahi batos ingkang welas asih, loyal anggenipun memitran, lan saged nuwuhaken karyenak tyasing sasama.
· Raden Ayu Natasewaya
Ingkang ibu saking Raden Mas Riyanta menika sanget tresnanipun kaliyan ingkang putra, merga panjenenganipun nggadhahi gegayuhan supados ingkang putra remen, ayem, tentrem anggenipun lelampahan wonten ing gesangipun, panjenenganipun nyuwun Raden Mas Riyanta enggal karma amargi panjenenganipun mangertos bilih kathah para putri ingkang sami kasmaran dhateng ingkang putra. Panjenenganipun anggadhahi watek atos, sami kaliyan ingkang putra, ugi luhur pribadinipun, welas asih, lan alus pangraosipun.
· Pangeran Natasewaya/ ingkang rama saking Raden Mas Riyanta
Panjenenganipun kalebu salah satunggaling priyantun luhur ingkang wonten ing nagari Surakarta.
· Raden Mas Tandhawijaya/ ingkang paman saking Raden Mas Riyanta
Raden Mas Tandhawijaya luhur budinipun, welas asih batosipun lan teksih sadherekipun enem Raden Ayu Natasewaya.
· Raden Ajeng Marsam/ putranipun Raden Mas Tandhawijaya
Panjenenganipun anggadhahi walek alus, luhur, pangerten, manut, loyal kaliyan tugas menapa dene prentah ingkang dipun emban, jujur, welas asih, lan tulus tanpa pamrih.
· Raden Mas Duryat
Mitranipun Raden Mas Riyanta menika sanget njagi saseduluranipun kaliyan Raden Mas Riyanta. Panjenenganipun luhur budinipun.
· Raden Ajeng Srini
Panjenenganipun inggih menika wanita ingkang dipun tresnani dening Raden Mas Riyanta. Panjenenganipun luhur unggah-ungguhipun, alus pangraosipun, ayu pasuryanipun, polos, welas asih, manut kaliyan tiyang sepuh, ugi sae tumindakipun.
· Dipati Pramayoga/ ingkang rama saking Raden Ajeng Srini
Watekipun Dipati Pramayoga inggih luhur, welas asih, sabar, wicaksana, adil, lan mangertosi swasana menapa dene saged mahami pangraosipun tiyang sanes.
· Raden Ayu Pramayoga/ ingkang ibu saking Raden Ajeng Srini
Panjenenganipun humoris, saged mbekta kahanan dados sekeca wonten ing salebeting manah, luhur tumundakipun, welas asih, lan alus pangraosipun.
· Raden Ajeng Nestri/ putra angkat saking Dipati Pramayoga
Panjenenganipun manut, alus unggah-ungguhipun, sae tumundakipun, nanging radi isinan.
2.3. Alur
Novel ingkang kalebu salah satunggaling karya sastra menika ingkang irah-irahanipun Serat Riyanta, anggadhahi alur maju. Yaiku lampahaning ceriyos dipun wiwiti saking Raden Mas Riyanto alit ngantos ngancik dewasa lan nglampahi karma kaliyan Raden Ajeng Srini. Ceriyos wonten ing salebeting novel menika mboten nyariyosaken gesangipun panjenengane ing mangsa kepungkur, lampahing ceriyos runtut lan tlesih ngandharaken kahananipun Raden Mas Riyanta, kaluwarga sarta mitranipun panjenengane.
2.4. Setting
Setting menapa dene latar wonten ing novel menika yaiku ing nagari Surakarta ngantos sapanjangipun wekdal nalika Raden Mas Riyanta lolos ngantos angideri kitha Bayalali, ingkang andharanipun latar tempat kados wonten ing ngandhap menika :
· Wonten ing dalem Natasewayan.
· Ing alun-alun nalika Raden Mas Riyanta lan Raden Mas Duryat sareng-sareng mirsani komidhi Hindhu.
· Wonten ing dalemipun Dipati Pramayoga.
· Ing patamanan wekdal Raden Mas Riyanta sungkawa.
· Wonten ing margi alun-alun nalika Raden Mas Riyanta badhe ndherekaken Raden Ajeng Srini wangsul.
· Wonten ing pasanggrahan.
· Wonten ing warung lan salebeting kolah.
· Wonten ing tamansari.
· Ing guwa-guwa patilasan ing kitha Bayalali, lsp.
2.5. Sudut Pandang
Panganggit novel menika ngagem sudut pandang tiyang ingkang kaping tiga, yaiku panganggit wonten salebeting ceriyos namung dados pengamat ingkang mangertos sedaya kadadean lan kahanan kang wonten ing ceriyos. Panganggit sanget nonjolaken karakter tokoh lan alur ceriyos dumugi ing kahanan pangraos lan detail ing sedaya aspek pagesangan saking sedaya ceriyos. Salintunipun, panganggil sae sanget anggenipun andamel deskripsi babagan tokoh-tokoh ingkang wonten saengga saged nuwuhaken daya imajinatif saking para pamaos.
2.6. Diksi
Diksi menapa dene pamilihan tembung utawi gaya basa ingkang dipun ginakaken dening panganggit manika sae, amargi sanadyan migunakaken tembung jawi lan kathah ugi migunakaken paribasan jawi, nanging menika sedaya teksih saged dipun mangertosi ngagem katrangan ingkang wonten ing salebeting novel menika.
☻ESTETIKA☻
Tidak ada komentar:
Posting Komentar