- Paribasan yaiku unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges tartemtu. Dhapukaning paribasan awujud ukara utawa kumpulaning tembung (frase), lan kalebu basa pinathok. Racikaning tembung ora owah, surasa utawa tegese uga gumathok, lumrahe ateges entar. Tegese tembung lumereg, gumantung surasa lan karep kang kinandhut ing unen-unen. Paribasan ngemu teges: tetandhingan, pepindhan, utawa pepiridan (saemper pasemon). Kang disemoni manungsa, ulah kridhaning manungsa, utawa sesambunganing manungsa lan alam uripe. a. Contoh paribasan hasil pencarian : - Ngalasake negårå. Wóng síng ora manut pranatan negårå. - Ngalem lêgining gulå. Ngalembånå kapintêran wóng kang pancèn pintêr/sugíh. - Ngaturake kidang lumayu. Ngaturaké barang kang wis ora ånå. - Nglungguhi klåså gumelar. Nindakaké panggawéyan kang wis tumåtå. - Ngóntragaké gunúng. Wóng cilík asór biså ngalahaké wóng luhúr/gêdhé, nganti gawé kagèt wóng akèh. b. Contoh paribasan buatan sendiri : - Njait klambi rombéng. Wong kang usada mbeneri kalepatan sing wis dilakoni. - Kaya iwak langén ing pasir. Gegayuhan kang ora bakal bisa kawujud. - Nggodhog banyu nganggo dandang bocor. Wong nindakake pegawean kang percuma. - Kebo mati neng tengah kebonan suket. Wong kang bodho, ora bisa migunakake kasempetan sing wis ana ing ngarepé. - Kaya barleyan katumpuk pasir. Wong kang kabagusané katutup dening tumindak kang ala. LIRIK TEMBANG MACAPAT Sekar Asmarandana, Laras Slendro Pathet Sanga Miring Godhong tela padha mati Matine kerana lara wong wis tuwa aja srei Yen srei ya akeh dosa Mangka mlebu neraka Wong urip isine diyu Nek mati ra ana sangu
Jumat, 25 November 2011
PARIBASAN
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar